a. Basa Jawa Kuna
Bahasa Jawa ingkang tinemu ing wohing kasusastran kuna, jumedhule wiwit nalika jaman Mataram kuna, abad sepuluh lan urip nganti jaman Majapait abad padbelas, diarani Basa Jawa kuna.
Tuladha :
Hana ta hangsa lakistri masabha rikang talaga Kumudawati. Panangka nikang way sangka ring talaga Manasasara. Kunang ngaran ikang hangsa, si Cakrangga ngaran i hangsa lanang, si Cakranggi aran ing hangsa wadon. Yateka sama munggwing talaga kumudawati.
b. Basa Jawa Tengahan
Basa Jawa kang tinemu ing kasusastran Jawa nalika jaman Majapait wekasan, kang rada beda karo basa Jawa kuna, memper karo basa Jawa jaman saiki, sok diarani basa Jawa tengahan, yaiku basa antarane basa Jawa kuna lan basa Jawa jaman saiki.
Tuladha :
Tumuli sira Ranggawuni angadeg ratu. Kadi naga roro saleng lawan sira Mahisacampaka. Sira Ranggawuni abhiseka Wisnuwardana karatunira. Sira Mahisacampaka dadi ratu angabhaya, abhiseka bathara Narasinga. Atyanta patutira, tan hana wiwal.
c. Basa Jawa Anyar
Basa jawa anyar yaiku basa Jawa kang kasrambah lan kerep kanggo ing jagading kasusastran jaman sawise Majapait nganti saprene. Sabanjure kang sinebut Basa jawa anyar yaiku Basa Jawa kang uripe wiwit jaman Demak tekaning saiki.
d. Basa Jawa kawi
Basa kawi sok uga diarani basa Jawa kuna. Sakawit kanggo nyebut basa kang kanggo ing jagading kasusastran kuna, kang kanggo dening para kawi utawa pujangga kuna kang seneng ngrumpaka puisi. Sabanjure tembung-tembung Jawa kang isih cedhak lan nunggal teges karo tembung ing basa Jawa kuna uga karan tembung kawi. Goteke wong akeh, tembung jawa kuna kang isih dilestareake lan kanggo ing kasusastran jaman saiki sok diarani basa utawa tembung kawi, sok diganepi dadi kawi miring. Ana maneh sing nyebut kawi Surakarta, awit kerep-kerepe padha dianggo nenulis layang nalika jaman kapujanggan Surakarta.